Mumpung sira isih urip
Pada ngertiya dununge urip,
Awit iku utusane Sang Ghaib,
Murba wasesa kabeh titah urip.Lamun tan ngerti dununge urip,Sejatine urip iku mung siji,
Hiya iku aran manungsa kang arip,
Satemah mung dadi kelilip,
Ndonya akhir datan bisa ketip.
Datan epang datan siwi,
Hiya iku kang aran nabi,
Kang paring tuntunan kitab suci.Aja gampang kelut ujare para nabi,Ati tegese rasa, rasa kang isih murka,
Yen sira durung nglakoni lan bisa niti,
Bener lan lupute salira pribadi,
Jer urip ora isih kabuntel ati.
Kamurkaning manungsa kang isih diuja,
Nganti lali purwa lan deksila,
Wekasane ninggal bibit jawa.Jawa tegese beneh, kang eling lan waspada,
Ngendaleni hawa murkanira,
Kang sira lakoni saben dina,
Temahan bisa manembah Hyang Maha Kuwasa.
Minggu, 13 September 2009
PenGet
Langganan:
Komentar (Atom)